Pepanthan kapustakan
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pepanthan kapustakan iku sistem kanggo nata barang-barang kapustakan miturut jejeré. Pepanthan kapustakan nganggo sistem notasi sing nglambangaké urutan rembug. Sistem iki ngudokaké barang-barang kapustakan murih ditata manut urutan iku. Sistem-sistem pepanthan kapustakan nunggalaké barang-barang sing magepokan, racaké ditata mawa hirarki. Sistem pepenthan liya, ya iku pepanthan fasèt, uga akèh panganggoné. Mawa sarana iki pepanthan warna-warna bisa tinerap ing sawiji barang lan bisa diurutaké manéka cara. Angka pepanthan kapustakan minangka tengeré sumber-sumber wacan. Tenger iki béda saka sistem International Standard Book Number (ISBN) utawa International Standard Serial Number (ISSN).