Banggaladésa
From Wikipedia, the free encyclopedia
Banggaladésa utawa Bangladèsh iku nagara ing bawana Asia. Sing ndunungi cacahé kira-kira ana 147.365.352 jiwa lan jembaré nagara ana 144.000 km2. Nagara iki dunungé ana ing tlatah Asia Kidul sing wewatesan karo India ing sisih kulon, lor lan wétan, Myanmar ing sisih kidul-wétan, lan Lempongan Benggala ing sisih kidul. Bangladesh, bebarengan karo Benggala Kulon ing India, mbentuk kawasan etno-linguistik Banggala. Bangladesh (বাংলাদেশ) kanthi lèterlek tegesé "Nagara Banggala". Kutha krajan lan kutha gedhé dhéwé ing Bangladesh ya iku Dhaka.
গনপ্রজাতন্ত্রী বাংলাদেশ Gôno Projatontri Bangladesh | |
---|---|
Motto: — | |
Gunagita: Amar Sonar Bangla | |
Kuthagara lan Kutha paling gedhé | Dhaka |
Jawatbasa | Bengali |
Papréntahan | Républik parlementer |
Kamardikan | |
• Banyu (%) | 7% |
Population | |
• Pikira-kira 2006 | 147.365.352 (7) |
• Cacahjiwa - | - |
GKK (ITK) | Pikira-kira 2005 |
• Gunggung | US$279,7 miliar (32) |
• Saben wong | US$1.995 (151) |
Artacihna | Taka (BDT) |
Laladan wektu | UTC+6 |
• Mangsa ketiga (AKK) | UTC+6 |
Kodhé bèl | 880 |
TLD internèt | .bd,.বাংলা |
Tapel wates Bangladesh dikukuhaké liwat pamisahan India ing taun 1947. Nagara iki wiwitané minangka swiwi wétan saka Pakistan (Pakistan Wétan) sing kapisah saka swiwi kulon 1.600 kilomèter adohé. Diskriminasi pulitik, basa, lan ékonomi nuwuhaké perpecahan antara kaloro sayap, sing pungkasané njeblugaké perang kamardikan taun 1971 lan madegé nagara Bangladesh.