![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/e/e7/Bunkyo-ku_from_air.jpg/640px-Bunkyo-ku_from_air.jpg&w=640&q=50)
Bunkyō, Tokyo
From Wikipedia, the free encyclopedia
Cithakan:Infobox kutha Jepang
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/e/e7/Bunkyo-ku_from_air.jpg/640px-Bunkyo-ku_from_air.jpg)
kutha Bunkyō (文京区, Bunkyō-ku?) inggih punika salah satunggal saking 23 dhistrik istimewa ingkang mapan wonten ing Tokyo pérangan tengah, Jepang. Tokyo punika prefektur saéngga dhistrik kutha punika sejajar kaliyan kutha. Universitas Tokyo, Tokyo Dome, lan Kodokan mapan wonten ing kutha Bunkyō. Kutha Bunkyō punika kutha sastra, kutha pendidikan, lan kawasan griya. Saking jaman Meiji, kutha punika dados kutha pendidikan saéngga dados papan kanggé manggon para dosèn, politis lan ilmuwan. Ing kutha punika naté dinggèni déning sastrawan ageng kados Natsume Sōseki, Mori Ōgai, lan Kenji Miyazawa. Kajawi punika, kutha punika ugi kalebet kutha pusat rumah sakit, penerbitan, lan percetakan. Kathahipun wewengkon kutha punika kawasan kanggé griya, sekolah, kampus, lan rumah sakit. Kawasan kanggé sesadéan ingkang boten patia wiyar mapan wonten ing sisih kidul kutha. Wewengkon ingkang winatesan kaliyan kutha Chiyoda kados kawasan Honkomagome, Hongō, Koishikawa, Kohinata, lan Mejirodai saking rumiyin dados kawasan ingkang tentrem.