Fotosintèsis
From Wikipedia, the free encyclopedia
Fotosintèsis iku prosès biokimia kang dilakoni tetuwuhan, ganggang, lan sapérangan jinis bakteri kanggo mrodhuksi ènergi kang dinggo (nutrisi) kanthi manfaataké ènergi cahya. Mèh kabèh makhuk urip gumantung saka ènergi kang diahasilaké ing fotosintesis. Akibaté fotosintesis dadi wigati banget kanggo kauripan ing bumi. Fotosintesis uga duwé jasa ngasilaké sapérangan gedhé oksigèn kang ana ing atmosfer bumi. Organisme kang ngasilaké ènergi liwat fotosintesis (photos ateges cahya) sinebut fototrof. Fotosintesis wujud salah siji cara asimilasi karbon amarga ing fotosintesis, karbon bébas saka CO2 diiket (difiksasi) dadi gula minangka molekul panyimpen ènergi. Cara liya kang ditempuh organisme kanggo ngasimilasi karbon ya iku liwat kemosintesis, kang dilakoni déning sapérangan bakteri wlirang.