Indhi
nagara ing Asia Kidul / From Wikipedia, the free encyclopedia
Indhi utawa Républik India iku nagara ing Asia Kidul. Jeneng-jeneng liyané nagara iki iku Bharat utawa Bharata lan Jambudwipa. Tembung pungkasan iki tegesé "Pulo Jambu" lan dijenengaké mangkono amarga mèmper woh jambu. India iku nagara edan ing Asia kang kang ndunungi paling akèh kaloro ing donya, kanthi populasi punjul sak milyar jiwa, lan minangka nagara gedhé dhéwé kapitu miturut ukuran wewengkon géografis. Cacahing kang ndunungi India tuwuh ngrembaka wiwit tengahan 1980-an. Ékonomi India iku gedhé dhéwé kapapat ing donya miturut angka PDBné, diukur saka segi paritas daya beli (PPP), lan salah siji kang tuwuhing ékonomi paling rikat ing donya. India, nagara kanthi sistem dhémokrasi liberal gedhé dhéwé sadonya, uga wis muncul minangka kakuwatan regional kang wigati, duwé kakuwatan militèr gedhé dhéwé lan kamampuan nuklir.
Républik Indhi IndhiRepublic of Indiaभारत गणराज्यBhārat Ganarājya | |
---|---|
Motto: Satyamēva Jayatē (Basa Sanskerta: Mung Bebungah Menang) | |
Gunagita: Jana-Gana-Mana | |
Kuthagara | New Delhi |
Brehakutha | Mumbai (Bombay) |
Jawatbasa | Hindi, Inggris lan 21 basa liyané |
Papréntahan | Républik fédheral |
Draupadi Murmu | |
• Wakil Présidhèn | Jagdeep Dhankhar |
• Nayakotama | Narendra Modi |
Kemerdekaan Saka Karajan Manunggal | |
• Deklarasi | 15 Agustus 1947 |
• Républik | 26 Januari 1950 |
• Banyu (%) | 9,56 |
Population | |
• Pikira-kira 2006 | 1.098.577.839 (2) |
• Cacahjiwa 2001 | 1.027.015.247 |
GKK (ITK) | Pikira-kira 2005 |
• Gunggung | US$3,334 trilyun (4) |
• Saben wong | US$3.019 (120) |
Artacihna | Rupee (Rs.)1 (INR) |
Laladan wektu | UTC+5:30 (IST) |
• Mangsa ketiga (AKK) | UTC+5:30 (ora diterapake) |
Kodhé bèl | 91 |
TLD internèt | .in |
1 Re. yaiku wujud tunggal |
Dumunung ing Asia Kidul kanthi garis pasisir dawané 7.000 km, lan péranganing anak bawana India, India iku péranganing rute dedagangan wigati. India wewatesan karo Pakistan, Républik Rakyat Cina, Myanmar. Banglades, Nepal, Bhutan, lan Afganistan. Sri Lanka, Maladewa, lan Indonésia iku nagara kapulon kang wewatesan.
India minangka dunungé peradaban kuna kaya Budaya Lembah Indus lan minangka papan kalahiran saka papat agama utama donya: Hindhu, Buda, Jainisme, lan Sikhisme. Nagara iki minangka péranganing Karajan Manunggal sadurungé mardika ing taun 1947.