Jaétun
From Wikipedia, the free encyclopedia
Jaétun (Olea europaea) ya iku wit cilik taunan lan wernané ijo, ora ana owah-owahane, utawa sinebut ijo abadi. Wohé yèn isih enom bisa dipangan mentah utawa sawisé diawètaké bisa dadi panyeger. Tuwuhan iki isih sakulawarga karo tuwuhan kembang mlathi. Jaétun wiwit woh nalika umuré wis limang taunan lan umuré wit bisa nganti éwonan taun. Wité dhuwuré undakara 8-15 mèter. Déné ambané godhong wataran 4–19 cm, lan duwé kembang rupané putih sarta woh kang ukurané kira-kira 1-2,5 cm. Panyebarané jaétun ana ing laladan-laladan iklim panas nganti iklim sedheng. Pang jaétun kang ana godhongé wis suwé dianggo simbul katentreman.
Sunyata Rikat Klasifikasi ngèlmiah, Jeneng binomial ...
Jaétun | |
---|---|
Olea europaea | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Klad: | Angiosperms |
Klad: | Eudicots |
Klad: | Asterids |
Ordho: | Lamiales |
Famili: | Oleaceae |
Tribe: | Oleeae |
Génus: | Olea |
Spésies: | O. europaea |
Jeneng binomial | |
Olea europaea L. | |
Gambar sebarané Jaétun, kanthi subspésies Olea europaea awerna ijo. |
Tutup
Artikel iki macak karakter mirunggan. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan ing kaca iki. |