Komando Daerah Militer Iskandar Muda
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kodam Iskandar Muda iku Komando Kewewengkonan Pertahanan sing nyakup provinsi Nanggroe Acèh Darussalam. Wiwit madeg tanggal 22 Dhésèmber 1956 nganti dilikuidasi taun 1985, Kodam Iskandar Muda wis dipanggedhèni déning 10 panglima. Sing pungkasan mengku kalungguhan sadurungé dibekukan ya iku Brigadir Jenderal TNI Nana Narundana.
Kodam Iskandar Muda diuripaké manèh tanggal 5 Fèbruari 2002. Mayor Jenderal TNI Djali Yusuf minangka panglima pisanan sawisé Kodam iki aktif manèh. Pangdam Iskandar Muda sing saiki ya iku Mayor Jenderal TNI Supiadin AS sing nggantèkaké Mayor Jenderal TNI Endang Suwarya wiwit tanggal 28 April 2005. Endang Suwarya sabanjuré promosi dadi Wakil KSAD tanggal 30 Maret 2005. Ékan infanteri sing ana ing Kodam iki antarané Yonif 111, Yonif 112, Yonif 113, Yonif 114, Yonif 115 lan Yonif 116.