Mahathir Mohammad
Mahamantri Malaysia (1981–2003; 2018–2020) / From Wikipedia, the free encyclopedia
Tun Dr. Mahathir bin Haji Mohamad (ugi Mahathir bin Mohammad; lair ing Alor Star, Kedah, Malaya, 20 Dhésèmber 1925; umur 98 taun) punika satunggiling pulitikus Malaysia. Panjenenganipun punika Mahamantri Malaysia ingkang kaping sekawan, mengku kalungguhan wiwit saking 16 Juli 1981 dumugi 31 Oktober 2003. Ing saadhaping kapamimpinanipun Mahatir, Malaysia ngalami modhèrnisasi ingkang rikat lan ngraosaken kamakmuran ing sadaya lapisan masarakat.
Mahathir bin Mohamad | |
Mahamantri Malaysia ke-7 | |
---|---|
Mangsa jabatan 10 Mei 2018 – 24 Februari 2020 | |
Wakil PM | Wan Azizah Wan Ismail |
Didhisiki déning | Najib Razak |
Diganti déning | Muhyiddin Yassin |
Mahamantri Malaysia ke-4 | |
Mangsa jabatan 16 Juli 1981 – 31 Oktober 2003 | |
Wakil PM | Musa Hitam (1981–1986) Ghafar Baba (1986–1993) Anwar Ibrahim (1993–1997) Abdullah Badawi (2000–2003) |
Didhisiki déning | Hussein Onn |
Diganti déning | Abdullah Ahmad Badawi |
Miyos | (1925-12-20) 20 Dhésèmber 1925 (umur 98) Alor Star, Kedah, Malaya |
Partai pulitik | boten wonten |
Garwa | Siti Hasmah |
Asma ramanipun Encik Mohamad bin Iskandar, déné ibunipun Wan Tempawan binti Wan Hanafi. Mahathir Mohamad dipunwiyosaken ing satunggiling griya ing Lorong Kilang Ais, Seberang Perak, Alor Setar, Kedah. Mohamad punika yoga angka sanga.
Mahathir Mohamad kèndel minangka PM Malaysia lan dipungantosaken Abdullah Ahmad Badawi tanggal 31 Oktober 2003.