Perang Sipil Nigéria
From Wikipedia, the free encyclopedia
Perang Sipil Nigéria, utawa uga dikenal minangka Perang Biafra (6 Juli 1967 – 15 Januari 1970), ya iku sawijining perang antarané pamaréntah Nigéria lan nagara pecahan saka Biafra. Biafra kuwi makili swara nasionalis saka wong Igbo. Nanging wong-wong kang lungguh ing kapangurusané ngerasa yèn wong-wong iku wis ora bisa lumaku bebarengan karo papréntahan fèdheral sing diwengku déning wong-wong Lor. Cengkahan sing ana kasil saka carukan pulitik, ékonomi, ètnis, budaya lan agama kang kadadèn sadurungé dhékolonisasi formal Nigéria déning Inggris saka taun 1960-an nganti taun 1963. Bab sing nyebabaké perang kasebut ing taun 1966 ing antarané pambrontak militèr, pambrontak walesan, lan persekusi wong-wong Igbo kang ndunungi Nigéria sisih Lor. Kontrol prodhuksi lenga kang makolèhi ing Délta Nigèr dadi bab kang wigati.
Perang Sipil Nigéria | |||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Républik Biafra kang mardika sacara de facto ing sasi Juni 1967 | |||||||||
| |||||||||
Péhak kang perang | |||||||||
Nigeria Egypt (Air support)[1][2] | Biafra | ||||||||
Disengkuyung déning:
| |||||||||
Pangarep | |||||||||
Yakubu Gowon Murtala Mohammed Benjamin Adekunle Olusegun Obasanjo Mohammed Shuwa E.A. Etuk Shehu Musa Yar'Adua Theophilus Danjuma Ibrahim Haruna Ipoola Alani Akinrinade Ted Hamman- † Muhammadu Buhari Ibrahim BabangidaCithakan:WIA Isaac Adaka Boro- † Idris Garba Mustafa Shalaby El Hennawy |
Odumegwu Ojukwu Philip Effiong Alexander Madiebo Albert Okonkwo Victor Banjo Ogbugo Kalu Joseph Achuzie Azum Asoya Mike Inveso Timothy Onwuatuegwu- † Rolf Steiner Festus Akagha Lynn Garrison Taffy Williams Jonathan Uchendu Ogbo OjiCithakan:WIA Humphrey Chukwuka H.M. Njoku | ||||||||
Kakuwatan | |||||||||
Wadyabla Nigéria: 85,000[18]–150,000[19] (1967) (Possible 100,000)[20][21] 250,000 (1968)[22] 200,000[23]–250,000[19] (1970) |
Wadyabala Biafra: 10,000[21]–100,000[19] (1967) (Possible 30,000)[18] 110,000 (1968)[24] 50,000[23]–100,000[25] (1970) | ||||||||
Kurban | |||||||||
Wong militèr kang kaprajaya: 45,000[23]–100,000[26][27] wong kaprajaya 2 yuta wong sipil pejah nalikané blokadhe sasuwéné mangsa kaliren[28] Wong katundung: 2,000,000–4,500,000[29] Wong ngungsi: 500,000[30]–3,000,000 |
Sajroning sataun, wadyablanaé Pamaréntah Fédheral sing ngepung Biafra, kasil nyaplok fasilitas lenga (oil facilities) ing wewengkon pasisir lan kutha Port Harcourt. Blokadhe iki katindakaké nalikané mangka stalemate kang ujungé mangsa paceklik kang nemen. Sasuwéné perang rong setengah taun, ana udakara 100.000 kurban militèr, déné watara 500.000 lan 2 yuta wong sipil Biafra séda amarga kaliren.[31]
Ing tengahané taun 1968, gambar wong-wong Biafra kang kaliren amarga nandang kurang gisi ngebaki médhia masa saka nagara Kulon. Kahanan kang ngegirisi iki nyebabaké anané kontrovèrsi publik ing njaban rangkah, njalari anané undhak-undhakan anggaran uga wigatiné organisasi non-pamaréntah internasional kang signifikan. Inggris lan Uni Sovyèt iku panyengkuyung utawa pamaréntahan Nigéria ing Lagos, Israèl, lan sawenèh nagara liya kang uga nyengkuyung Biafra. Prancis lan Israel nyedhiyakaké para kombatan.