Surat Al Maa’uun
From Wikipedia, the free encyclopedia
Surah Al-Ma'un (basa Arab:الْمَاعُونَ, "Barang-barang kang migunani") iku surat angka 107 sajeroning al-Qur'an. Surat iki kagolong surat Makkiyah lan dumadi saka 7 ayat. Tembung Al Maa'uun tegesé barang-barang kang migunani, dijupuk saka ayat angka 7 sajeroning surat iki. Pokok isi surat nyritakaké ancaman marang kang kagolong ndhustakaké agama yaiku wong kang nyentak anak yatim, ora nulungi fakir miskin, riya'(péngin dialembana) nalika salat, sarta wegah nulung kanthi barang-barang kang migunani.
Katerangan liyané al-Ma'un الْمَاعُونَ, Informasi ...
al-Ma'un الْمَاعُونَ | |
---|---|
| |
Informasi | |
Makna | Barang-barang kang migunani |
Klasifikasi | Makkiyah |
Surat ka | 107 |
Juz | Juz 30 |
Statistik | |
Gunggung ruku' | 1 ruku' |
Gunggung ayat | 7 ayat |
Tutup