Ujung Bōsō
From Wikipedia, the free encyclopedia
Ujung Bōsō (房総半島, Bōsō-hantō?) ya iku Ujung kang nyakup sakkabèhané Prefektur Chiba ing Honshu, pulo paling gedhé ing Jepang. Ujung iki mbentuk pesisir wétan Teluk Tokyo, misahaké wewengkon kasebut saka Samudera Pasifik. Ujung iki jembaré udakara 5.034 km persegi.[1][2]
Ujung Bōsō (房総半島) | |
Ujung | |
Imaji Landsat saka Ujung Bōsō | |
Country | Jepang |
---|---|
State | Prefektur Chiba |
Region | Laladan Kantō |
River | Kali Tone, Kali Edo, Kali Obitsu, Kali Yōrō, Kali Koito |
Highest point | Gunung Atago (Minamibōsō, Chiba) |
- location | Minamibōsō lan Kamogawa, Prefektur Chiba |
- elevation | 408.2 m (1,339 ft) |
- coordinates | |
Area | 5,034 km2 (1,944 sq mi) |
Lokasi Ujung Bōsō ing Jepang |
Ujung Bōsō diwatesi déning Samodra Pasifik ing sisih wétan lan kidul, Teluk Tokyo ing kulon, Kali Edo lan Kali Tone ing lor.[1] Kawasan Lembah Bōsō sapérangan gedhé wewengkoné dumadi saka gumuk.[3] Gunung Atago ing Minamibōsō lan Kamogawa kuwi papan paling dhuwur ing ujung kasebut kanthi dhuwur 408,2 m (1.339 kaki).[4] Saka kidul nganti lor wewengkon Punthuk Bōsō ngabentang nganti Plato Shimōsa, kang nyakup sapérangan gedhé wewengkon lor Prefektur Chiba, nganti sapinggiring Kali Tone.[1]