Wédang kopi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Wédang kopi iku sajinins ombèn-ombèn sing bahan mligi wujud wiji kopi. Jinis wédang iki warna-warna, antarané:[1][2] Nggodhog wédang kopi wis dadi kabiasaan padinan ing kutha lan padésan, nanging supaya rasané énak prosès gawé wédang kopi iki pranyata ora gampang. Supaya dadi wédang kopi kanthi rasa sing énak, cara nggodhog bubuk kopi kudu dilakoni kanthi sampurna [3] Ana manéka warna cara nggodhog wédang kopi, antarané kanthi nggatèkaké komposisi bubuk kopi lan banyu, ukuran partikel, suhu banyu sing dianggo, métodhe, lan suwéné nggadhog.[3] Kesalahan sithik waé sajeroning prosès nggodhog wédang kopi bisa njalari kurang mirasa. Contoné cara nggodhog sing kesuwèn lumrahé bakal ndadèkaké rasa wédang kopi dadi pait banget.[3]