Basa Mandharin
From Wikipedia, the free encyclopedia
Basa Mandharin (Aksara Jawa: ꦧꦱꦩꦤ꧀ꦝꦫꦶꦤ꧀ Ind: bahasa Mandarin) (Aksara Kan: 官話, pinyin: Guānhuà, tegese basa juru jawat) yaiku klumpukan saka basa-basa Cinawangsa sing kocap ana ing Cina Lor lan Kidulkulon. Klumpukan iki kalebu carabasa Peycing ing dadi dhasaring basa Cina Baku Modheren. Amarga basa Mandharin wiwitane saka Cina Lor lan akeh-akehe basa-basa Mandharin lan carabasa-carabasane katemokake ana ing lor mula klumpukan iki kadhang uga karanan Basa Cina Lor (北方话, běifānghuà, tegese omongan Lor). Okeh parijinis-parijinis (Ind: varietas) saka basa Mandharin kaya ta ing Kidulkulon (kalebu basa Sicwan) lan ing Yangce Asor (kalebu kuthagara lawas Nanking) sing ora bisa dipadhamangreteni (Ing: not mutually intellegible) utawa namung salong dipadhamangreteni karo basa Cina Baku Modheren.
Panganggo basa Cina lumrahe ngarani basa Mandharin dening jeneng:
- Pǔtōnghuà (普通话/普通話, tegese omongan lumrah) ing Cina Dharatan
- Guóyǔ (国语/國語, tegese nagarabasa) ing Taywan
- Huáyǔ (华语/華語, tegese basa Cina) ing Asia Kidulwetan