Sergey Brin
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sergey Brin iku salah siji pendhiri Google. Dhèwèké gawé Google bareng karo Larry Page. Sergey Brin lair ing Moskow, 21 Agustus 1973.[4] Dhèwèké wis ngerti komputer saka SD, dibimbing wong tuwa kang biyasa makarya nganggo komputer kang canggih ing omah lan kantor.[5] Ibune Sergey Brin, Eugenia Brin iku ilmuwan ing Goddard Space Flight Center NASA.[4] Bapaké Sergey Brin Michael Brin mulang Matematika ing University of Maryland.[4] Ing umur 6 taun, Sergey Brin lan keluargané pindhah saka Uni Soviét mara Amérika.[4] Kulawarga Brin tinggal ing Prince George’s County, Sergey sekolah ing Eleanor Roosevelt High School.[6] Dhèwèké ndhaftar ing ‘’University of Maryland’’ ing kono dhèwèké sekolahé akselerasi lan ing umur 19 taun ing taun 1993 dhèwèké wis rampung pendhidhikan prasarjana.[6] Dhèwèké ngelanjutaké kuliah sarjana ing kono.[6] Sawisé lulus saka Maryland, Sergey ngelanjutaké ing Stanford University amarga dhèwèké olih béasiswa pascasarjana saka National Science Foundation njupuk Ilmu Komputer.[7] Ing taun 1995 Sergey ketemu Larry Page.[8] Ing Januari 1996 para mahasiswa lan staf pengajar jurusan komputer ing ‘’Stanford University’’ pindhah ing gedhong William Gates Computer Science sumbangan saka Microsoft.[9]