Banjir
From Wikipedia, the free encyclopedia
Banjir utawa Bena ya iku prastawa kang kadadéan minangka miline banyu muntah/luber ana ing daratan kang luwih endek.[1] Pangarahan banjir Uni Éropah ngartekake banjir minangka parendeman sawatara déning banyu ing daratan sawatara lan bisa ngerusak lingkungan sakiteré kang kena bencana.[2] Arti "banyu mili", tembung mau uga bisa diartekake déning pasang laut. Banjir kang diakibatake volume banyu ing sawijining panggonan ya iku ing kali utawa tlaga kang luber utawa njebol bendungan saéngga banyu metu saka bates.[3]
Ukuran tlaga utawa badan banyu kang tambah utawa surut kacepak déning pagowahan curah udah lan lelehe salju ing mangsane, nanging banjir kang kadadéan ora gedhé minangka banyu kang luber ora kena pamukiman pandhudhuk utawa punjer-punjer kagiyatan kaya ta pasar,terminal lan sekolahan (désa,kutha)