Berthe Morisot
From Wikipedia, the free encyclopedia
Berthe Morisot lair tanggal 14 Januari 1841 ing Bourges, tilar donya 2 Maret 1895 ing Paris) ya iku sawijining juru lukis misuwur saka Prancis kang duwé ilèn a ant-garde utawa imprésiyonisme [1] Karya Berthe kang pisanan kang paling misuwur kanthi irah-irahan Impression, Sunrise ((asal-usul ilèn imprésiyonisme) [2]. Uga panjenengané mandhégani lan mimpin obahan avant-garde utawa obahan Imprésiyonisme [3][4].Panjenengané dadi salah sijiné unsur feminin saka golongan impresionis kang dihormati lan disegani déning kanca-kanca ilèn impresionis[4]. Ing sawijining rapat panjenenganané tinemu déning sadulur ya iku Edouard Manet, Edgar Degas, Pierre-Auguste Renoir, Claude monet kang paling independen sajeroning golongan [3]. Sakabehanè kanca-kanca juru lukis kondhangake déning panjenengané Mallarmé marang kanca-kanca juru nulis[5].
Lelaju karir Berthe Morisot minangka pakembangan jaman bisa ngajuraké karya-karya Berte ing jaman wiwitan dadi seniman. Kaanan mengkene ora disebabake prabawa panjenengané Edouard Manet lan Pierre-Auguste Renoir sadurungé tilar donya [3]. Sawisé panjenengané Gladri Durand-Ruel tilar donya, panjenengan Berthe Morisot nyelenggarakake retrospektif lukisan cèt banyu, gambar pastel lan patung kanthi cacah 400 [3][4].Taun 1983, Elizabeth Kennan, présidhèn Mount Holyoke College lan C. Douglas Lewis, kurator patung ing National Gallery of Art seneng /gumon déning lukisan Berthe Morisot lan panjenengané Mount Holyoke College mutusaké pameran minangka mengèti ambal warsa angka 50 madegé Mount Holyoke College, minangka ngolek retrospektif para senimana ing National Gallery of Art, déning papat sponsor utama pawiyatan luhur/parguruan tinggi.Kang utama tumuju ing ngumpulake karya-karya Berthe Morisot [4]. Berthe Morisot dadi salah sijiné pelopor pangakuan seksisme, déning Sophie Monneret amarga juru lukis wédok panggonan kang kawates ing musiyum.Sajeroning taun pungksan kadadéan wujud rehabilitasi Berthe Morisot.Yeyasan Gianadda kang dumunung ana ing Martigny ing taun 2002 nyelengarakake pamera utamaœuvres4.Marmottan Musiyum didedikasiake minangka ngolek retrospektif gedhé ing wulan Maret nganti Agustus 2012.Kadadean retrospektif kang pisanan kang diwènèhake ing Paris sajeroning 50 taun kapungkur [6].