Breslau
From Wikipedia, the free encyclopedia
Breslau[1] utawa Wrocław ing basa Polen (pocapané ['vrɔtswaf]) iku kutha sing gedhé dhéwé kaping papat ing Polen yèn ditilik saka cacahé sing ndunungi. Cacahé ana mèh 640.000 jiwa. Kutha iki kutha krajan Województwo dolnośląskie (provinsi Silesia Ilir). Kajaba iku kutha iki punjer Kabiskopan Agung lan Diocese Protèstan. Ing kutha iki uga akèh sekolah-sekolah dhuwur lan universitas, lembaga-lembaga sains saha akèh téater sarta musiyum. Kutha iki punjer budaya Silesia. Ing Wrocław akèh pabrik-pabrik mesin lan métal.
Katerangan liyané Katrangan cekak, Pulitik ...
| |||||
Katrangan cekak | |||||
---|---|---|---|---|---|
Provinsi: | Silesia Hilir (dolnośląskie) | ||||
Jembar: | 292,9 km² | ||||
Padunung: | 635.932 jiwa 31 Dhésèmber 2005 | ||||
Pelat nomer kendaran motor: | DW | ||||
Alamat balé kutha: | ul. Sukiennice 9 50-107 Breslau | ||||
Situs wèb resmi: | www.wroclaw.pl | ||||
Pulitik | |||||
Walikutha: | Rafał Dutkiewicz |
Tutup
Wrocław papané ana ing pinggiring kali Oder (Odra). Kutha iki dibagi dadi rong pérangan déning kali iki.