Cao
bahan ombenan kaya jeli / From Wikipedia, the free encyclopedia
Cao utawa Cincau (Hanzi: 仙草, pinyin: xiancao) yaiku gèl kang mèmper ager-ager.[1] Cao digawé saka cem-ceman godhong tuwuhan cao.[1] Gèl dumadi awit godhong tuwuhan iku ngandhut karbohidrat kang bisa ngiket molekul-molekul banyu.[1]
Sunyata Rikat Panggonan asal, Woworan pokok ...
Panggonan asal | Asia Tenggara |
---|---|
Woworan pokok | Godhong Cao |
Buku masakan: Cao Médhia: Cao |
Tutup
Tembung cao asalé saka dialék Hokkian sienchau (Hanzi: 仙草, pinyin: xiancao) kang lumrahé diunékaké wong Tionghoa ing Asia Tenggara.[1] Cao dhéwé ing basa asalé sabenere yaiku jeneng tuwuhan (Mesona spp.) kang dadi bahan kanggo nggawé gel iki.[1]
Cao paling akèh digunakaké dadi bahan kanggo nggawé ombènan kaya ta ès cao utawa ès campur.[1] Cao uga nduwéni éfék penyejuk lan peluruh.[1]