Euro
artacihna / From Wikipedia, the free encyclopedia
Euro iku valuta lan unit monetèr resmi Uni Éropa[1] lan mligi dienggo ing Zona Euro.[2] Zona euro iku tlatah nagara-nagara anggota Uni Éropa kang nganggo valuta iki.[2] Ing taun 2023 ana 20 nagara anggota Zona Euro.[2] Sacara giral, Euro wiwit dienggo tanggal 1 Januari 1999.[1] Nanging kanthi fisik dhuwit kertas lan koin utawa dhuwit logam lagi dilansir ing tanggal 1 Januari 2002, wiwit tanggal 28 Fèbruari 2002 manten valuta-valuta nagara anggota ora dadi valuta resmi manèh.[1] Valuta Euro iku dilambangaké mawa simbul €.[1]
Asal mulané Euro iku ana ing Prajanjèn Maastricht (1991), sawijining prajanjèn antara 12 anggota Uni Éropa kala iku, yaiku: Bèlgi, Dhènemarken, Italia, Irlandia, Jerman, Karajan Manunggal, Luksemburg, Portugal, Prancis, Spanyol, Walanda, Yunani lan . Kala iku Uni Ekonomis lan Monetèr (EMU utawa ing basa Inggris Economic Monetary Union) uga diadegaké.
Euro iku valuta cadhangan kapindho kang akèh dhéwé sawisé Dolar Amérika Sarékat, saliyané iku Euro uga valuta kang didagangaké akèh dhéwé kapindho sawisé Dolar Amérika Sarékat.
Jeneng Euro iku kanthi resmi kapisan dienggo wiwit tanggal 16 Dhésèmber 2005. Kala iku, Euro nggantèni ECU mawa kurs 1:1. ECU iku cekakan saka basa Inggris European Currency Unit lan sadurungé ana Euro, fungsiné yaiku minangka 'kranjang kabèh valuta anggota Komunitas Éropa'.
Wiwit taun 2009, Euro ngalami krisis utang Éropa, kang njalari lembaga Fasilitas Stabilitas Finansial Éropa diadegaké.