Hanja
From Wikipedia, the free encyclopedia
Aksara Kan Korya utawa Hanjah (漢子, 한자), utawa Hanmun (漢文, 한문, tegese tulisan Kan), iku sebutan marang aksara Cina sajeroning basa Korya kang kanthi mligi tegesé aksara-aksara sing disilih déning basa Korya lan didadèkaké péranganing basa Korya mau liwat owahing pocapan.
Sunyata Rikat Jeneng Koréa ...
Tutup
Bédane karo Kanji sajeroning basa Jepang sing wis ngowahi lan mrasajakaké (Ind: menyederhanakan) akèh aksara, Hanja wujude salumrahe ora béda saka Aksara Cina Lawas sanadyan ana sapérangan saka aksara baku Hanjah wujud parijinis (Ind: varian) liya sing uga tinemu sajeroning aksara Kanji baku.