Kodhak
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kodhak inggih punika pranti kanggé ngrekam bayangan ingkang kawujadaken saking cahya ingkang katingalan utawi panyinaran elektromagnetis sanès.[1] Kodhak punika dipun-ginakaken kanggé kagiyatan fotografi. Nama kodhak punika asalipun saking camera obscura, ateges “papan ingkang peteng”. Pérangan-pérangan wonten ing kodhak inggih punika lensa cembung (lensa objektif), diafragma wonten ing antawis lensa punika ingkang ginanipun kanggé ngatur ambanipun lensa saéngga saged nglajengaken cahya ingkang mlebet, pérangan salajengipun inggih pelat filem negative.[1] Rekaman wonten ing kodhak punika saged awujud cuwèran kimia umpaminipun gambar foto utawi sinyal elektrik umpaminipun kodhak TV.[1] Prosès dalanipun cahya inggih punika lensa objektif ingkang gadah mupangat kanggé ndamel bayangan nyata punika dipuncilikake, lan diwalik wonten pelat peka cahya. Kangge ndamel bayangan ingkang saé lan terang jarak bayangan kedah dipunatur kanthi nggeser lensa wonten njawi utawa njero. Kangge ngatur cahya dipun-ginakaken diafragma. Pelat potret (filem) dipun-ginakaken kanggé babagan kaca utawa seluloid ingkang dilapisi gelatin lan pérak bromide, ingkang ngasilakhen gambar négatif. Lajeng Nyetakaken gambar négatif punika wonten ing kertas filem (kertas peka), saéngga mbentuk gambar positif.[1] Merek-merek kodhak ingkang langkung kondhang wonten ing jaman sapunika inggih Canon, kodhak Sony, Olympus, dll.