Koréa Kidul
nagara ing Asia Wétan / From Wikipedia, the free encyclopedia
Républik Koréa (Aksara Jawa: ꦒꦤꦒꦫꦏꦺꦴꦫꦾ ) (basa Koréa: Daehan Minguk (Hangul: 대한민국; Hanja: 大韓民國); basa Inggris: Republic of Koréa/ROK) biyasa dikenal minangka Koréa Kidul (Aksara Jawa: ꦏꦺꦴꦫꦾꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ ), iku nagara ing Asia Wétan sing nyakup pérangan kidul Ujung Koréa. Ing sisih lor, Républik Koréa wewatesan karo Koréa Lor, lan kaloroné nyawiji dadi siji nagara nganti taun 1948. Jepang dumunung ana ing sabrang Sagara Jepang (karan "Sagara Wétan " déning wong-wong Koréa) lan Selat Koréa dumunung ing sisih kidul-wétan. Nagara iki dikenal kanthi jeneng Hanguk (한국; 韓國) déning sing ndunungi Koréa Kidul lan karan Namchosŏn (남조선; 南朝鮮; "Chosŏn Kidul") ing Koréa Lor. Kutha krajan Koréa Kidul ya iku Seoul (서울).
| |||||
Sesanti: 널리 인간세계을 이롭게 하라 (홍익인간) (Basa Koréa: Gawanen kauntungan marang kabèh rakyat) | |||||
Basa resmi | Koréa | ||||
Kutha krajan | Seoul 37°35′ LU 127°0′ BT[pranala mati permanèn] | ||||
Présidhèn | Moon Jae-in (문재인 ; 文在寅) | ||||
Nayakotama | Kim Boo-kyum (김부겸 ; 金富謙) | ||||
Wewengkon -Total -% Air | Urutan kaping 107 100.210 km² 0,3% | ||||
Padunung -Total (2016) -Kapadhetan | Urutan angka 25 51.708.500 516/km² | ||||
Kamardhikan -Dhéklarasi Républik -Pambébasan -Konstitusi | Perang Dunia II: 1 Maret 1919 15 Agustus 1945 17 Juli 1948 | ||||
PDB (PPP dhasar) -Total (2003) -PDB/orang |
Urutan angka 11 $855,3 miliar US$17.700 | ||||
Mata uang | Won | ||||
Zona wektu | UTC +9 | ||||
Tembang kabangsan | Aegukga | ||||
TLD | .kr | ||||
Kodhe telepon | 82 | ||||