Kreteg Alexandre-III
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kreteg Alexandre III iku jeneng kreteg lengkungan tunggal déning telu artikulasi kanggo nggandhèngaké Champs-Élysées, Invalides lan Menara Eiffel. Uga dadi salah sijiné kreteg ing Prancis kanthi rerenggan patung kang dumunung ana ing sisih kiwa tengené kali Seine, kagolong dadi kaajaiban tèhnik abad angka 19.[1].Kreteg Pont Alexandre III dirancang kanthi gaya Art Nouveau déning panjenengané Résal lan Alby ing taun 1896-1900 duwé jembar 6 mèter, dawa 107 mèter lan wiyar 40 mèter.Kreteg kang duwé 4 kolom granit lan patung ing sisih ndhuwur lelapis emas nggambaraké kamisuwran kutha paris ing jaman paperangan [1][2]. Sajeroning ekstremitas kreteg Pont Alexandre duwé saka kanthi dedeg 17m,lan patung Pegasus kang duwé makutha disepuh déning bahan perunggu dadi pratandha kawisuwuran kutha Paris,Prancing babagan Seni, Èlmu Pengetahuan, Perdagangan lan Industri.Dalanan kreteg kan duwé jobin marmer meetandhaké seni kontemporer saka sajarah Renaissance lan Prancis Louis XIV [1][2]. Kreteg iki uga ngubungaké Hotèl des Invalides, Grand sarta Petit.[2]. Ing tengah kreteg kawengkar dumadi loro komposisi saka tembaga,lan ing sisih hulu kawengkar dumadi patung widadari Seine sarta sisih hilir kawengkar déning patung nimfa Neva.[2]
Kreteg Alexandre-III | |
---|---|
Suwasana sore ing kreteg Alexandre III,kanthi latar mburi Grand Palais | |
Ngangkut | 2 lajur |
Lokasi | Kutha Paris, Prancis |
Desain | Cassien-Bernard, Sepupu, Résal, Alby |
Gunggung rentangan | 1 (kreteg utama)1 (Omah Seni) |
Tanggal pambukaan | 1.896 - 1900 |
Koordinat | 02/18/49/E |