Maria Ulfah Santoso
pulitisi, aktivis hak manungsa Indonésia / From Wikipedia, the free encyclopedia
Maria Ulfah Soebadio Sastrosatomo (18 Agustus 1911 – 15 April 1988), luwih misuwur mawa jeneng kramané sing kapisan Maria Ulfah Santoso, iku aktivis hak-hak wanita lan pulitikus Indonésia. Dhèwèké wong wadon Indonésia kapisan sing nampa gelar ukum lan wong wadon kapisan sing dadi anggota kabinèt Indonésia.
Mr. Hj. Maria Ulfah Santoso | |
---|---|
Mantri Sosial Indonésia Katelu | |
Linggih 12 Maret 1946 – 26 Juni 1947 | |
Présidhèn | Sukarno |
Kang sadurungé | A.D. Tjokronegoro |
Kang sawisé | Soeparjo |
Rerincèn dhiri | |
Lair | (1911-08-18)18 Agustus 1911 Serang, Banten, Indhiya Nèderlan |
Pati | 15 April 1988(1988-04-15) (umur 76) Jakarta, Indonésia |
Warga nagara | Indonésia |
Sisihan | R. Santoso Wirodihardjo (1938–1946) Soebadio Sastrosatomo (1964–1988) |
Agama | Muslim[1] |
Dadi siwiné pulitikus, dhèwèké migatèkaké bab hak-hak wanita jalaran nyeksèni sawenèh kaniaya dhèk mangsa nomé. Dhèwèké satemené dipangaribawani murih dadi dhokter, nanging malah wisudha magister ukum saka Universitas Leiden ing taun 1933. Nalika ing nagara Walanda, dhèwèké mèlu ing obahan nasionalis Indonésia. Samulihé menyang Indhiya Nèderlan, Maria wiwit ngajar lan makarya kanggo réformasi ing palakrama. Dhèwèké anggota BPUPKI lan nuli ndhapuk mantri sosial wiwit 12 Maret 1946 nganti 26 Juni 1947. Sawisé rampung mangsané, dhèwèké lanjut makarya ing papréntahan tumrap warna-warna babagan.
Nalika kapilih lungguh ing kabinèt sing sapérangan awit kagiyatan émansipasiné, Maria uga mbukakaké dalan tumrap anggota kabinèt wadon liyané, kaya déné S. K. Trimurti ing taun 1947. Dhèwèké nampa sawenèh pangaji saka pamaréntah Indonésia awit kagiyatan-kagiyatané.