Mesir Kuna
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sejarah budaya paling tuwa ing bawana Afrika bisa ditemokake ing sapinggiring Bengawan Nil (Bengawan = kali gedhé). Peradaban pinggir Bengawan Nil ing Mesir, Afrika, jumedhul amarga subure lemah ing wewengkon sakcerake bengawan kang kasebabake dening banjir kang nggawa lendhut. Ya iki kang narik kawigaten lan nyengkuyung manungsa kanggo mbangun panguripan lan peradaban.
Daftar Dinasti Firaun |
Periode Predinastik |
Periode Protodinastik |
Periode Dinasti Awal |
kaping 1 kaping 2 |
Kerajaan Mesir Lama |
kaping 3 kaping 4 kaping 5 kaping 6 |
Periode Menengah Sepisanan |
kaping 7 kaping 8 kaping 9 kaping 10 |
kaping 11 (namung Thebes) |
Kerajaan Mesir Pertengahan |
kaping 11 (kabèh Mesir) |
kaping 12 kaping 13 kaping 14 |
Periode Menengah Kapindho |
kaping 15 kaping 16 kaping 17 |
Kerajaan Mesir Anyar |
kaping 18 kaping 19 kaping 20 |
Periode Menengah Katelu |
kaping 21 kaping 22 kaping 23 |
kaping 24 kaping 25 kaping 26 |
Periode Persia Pertama |
kaping 27 |
Periode Pungkasan |
kaping 28 kaping 29 |
kaping 30 |
Periode Persia Kapindho |
kaping 31 |
Periode Yunani-Romawi |
Alexander Agung |
Dinasti Ptolemi |
Mesir Romawi |
Serbuan Arab |
Peradaban pinggir Bengawan Nil uga sinebut peradaban Mesir Kuna. Agunge lan kamulyane peradaban iki isih bisa dideleng saka akeh lan maneka warna wangunan sejarah ing Mesir saiki kayata Piramida,Sphinx, lan Obelisk. Mesir uga wewengkon kang dumunung ing Afrika sisih lor lan nduweni posisi kang strategis utawa cocog amarga ana ing titik temu antarane Asia, Eropa, lan Afrika. Bengawan iki mili saka Afrika tengah liwat Mesir lan terus mili nganti Segara Tengah. Bengawan Nil iku kali kang paling dawa ing donya yaiku nganti 6.400 Km adohe. Tuke bengawan saka tuk-tuk ing Pegunungan Kilimanjaro kang dumunung ing Afrika sisih wetan.
Wiwit tahun 3.400 SM Mesir kaprentah dening 30 wangsa/dinasti. Dinasti kasebut diperang dadi 3 periode utawa jaman, yaiku: