Pagunungan Altai
Pagunungan ing Ruslan, Kazakhstan, Cina, lan Mongol / From Wikipedia, the free encyclopedia
Pagunungan Altai (uga ditulis Pagunungan Altay; cara Altai: Алтай туулар, Altaj tuular; Mongol: ᠠᠯᠲᠠᠢ
ᠶᠢᠨ
ᠨᠢᠷᠤᠭᠤ , Altai-yin niruɣu (Chakhar), Алтайн нуруу, Altain nurú (Khalkha); Kazakh: Алтай таулары, Altay tawları, التاي تاۋلارى Rusia: Алтайские горы, Altayskiye gory; Cina: 阿尔泰山脉, Ā'ěrtài Shānmài, Xiao'erjing: اَعَرتَىْ شًامَىْ) iku jajaran gunung ing Asia Tengah lan Wétan, minangka papan temuné Ruslan, Cina, Mongol, lan Kazakhstan, uga minangka tuké Kali Irtysh lan Ob. Poncot lor-kuloné jajaran gunung iki ana ing titik 52° Lor lan antarané 84° lan 90° Wétan (ing sana kéné banjur watesan karo Pagunungan Sayan ing wétané), lan saka titik kono malang mengidul-wétan tumeka titik 45° Lor lan 99° Wétan, sing saka kono banjur nyendhèk mbaka sithik banjur nyawiji karo laladan plato dhuwur ing Sagara-wedhi Gobi.
Pagunungan Altai | |||||||
Jeneng Cina | |||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|
Cina Prasaja | 阿尔泰山脉 | ||||||
Cina Padatan | 阿爾泰山脈 | ||||||
| |||||||
Jeneng Mongol | |||||||
Mongol | Алтайн нуруу/Altain nurú | ||||||
Jeneng Ruslan | |||||||
Ruslan | Алтай | ||||||
Romanisasi | Altay | ||||||
Jeneng Kazakh | |||||||
Kazakh | Алтай таулары/Altay tawları/التاي تاۋلارى | ||||||
Jeneng Uyghur | |||||||
Uyghur | Altay Taghliri/ئالتاي تاغلىرى | ||||||
Jeneng "Pagunungan Altai" tegesé "Pagunungan Kencana" ing basa Mongol; "alt" (kencana) lan "tai" (panambang -"mawa"; pagunungan mawa kencana) lan uga ing jeneng Cinané sing asalé saka jeneng Mongol iku (Tionghoa: 金山; arti harfiah "Pagunungan Kencana"). Ing basa-basa Turkik, altin tegesé kencana lan dag tegesé pagunungan. Sawijining kulawarga basa sing isih dadi perdondi, kulawarga basa Altaik, jenengé asalé saka pagunungan iki.[1][2]