Piranti alus
From Wikipedia, the free encyclopedia
Piranti alus (basa Indonésia: perangkat lunak utawi peranti lunak; basa Inggris: software) inggih punika kempalan data elektronik ingkang kasimpen lan dipunatur déning komputer. Data ingkang kasimpen wonten ing komputer punika saged awujud program utawi instruksi ingkang badhé nglampahaken siji perintah [1]. Pangertosan sanès saking piranti alus punika siji program ingkang kadamel kanggé nglampahaken piranti kasar komputer. Piranti alus ugi minangka penghubung antawisipun manungsa kaliyan piranti kasar ingkang ginanipun kanggé alih basa saking basa manungsa dhateng basa mesin saéngga piranti kasar komputer saged mangertos maksud pengguna saha saged nglakoni perintah lajeng maringi asil marang pengguna.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |