Ralph Waldo Emerson
From Wikipedia, the free encyclopedia
Ralph Waldo Emerson (miyos: 25 Mei 1803, seda: 27 April 1882) inggih menika wasis susastra saking Amerika Serikat, dhosen, kalihan pujangganipun pandhega gerakan transendentalis wonten tengah abad kaping-19. Miyos wonten Boston, Ralph Waldo Emerson winisudha saking Harvard minangka pujangga kelas wonten 1821.
Ralph Waldo Emerson | |
---|---|
Lair | (1803-05-25)25 Mèi 1803 Boston, Massachusetts, U.S. |
Pati | April 27, 1882(1882-04-27) (umur 78) Concord, Massachusetts, U.S. |
Alma mater | Harvard Divinity School |
Bojo | Ellen Louisa Tucker (o. 1829; died 1831)[1] Lidian Jackson (o. 1835) |
Kala | 19th-century philosophy |
Tlatah | American philosophy |
Aliran | Transcendentalism |
Bebadan | Harvard College |
Karsa pokok | Individualism, nature, divinity, cultural criticism |
Gantha misuwur | Self-reliance, transparent eyeball, double consciousness, stream of thought, "Build a better mousetrap, and the world will beat a path to your door" |
Maribawani
| |
Tandha tangan | |
Rikala warsa 1825, piyambakipun wangsul dhateng Cambridge kanggé ngudi kawruh bab manunggaling kawula Gusti, senadyan mekaten, piyambakipun mboten rumaos katimbalan ing bab kapandhitan. Minangka pandhita aném, Emerson kepanggih kalihan Ellen Louisa Tucker, putrinipun sudagar Boston. Wonten warsa, kalawan énggal-énggal sasampunipun pamilihan minangka mitra makarya pastor saking Second Church of Boston, kekalihipun sami palakrami. Garwanipun séda awit nandhang gerah TBC sadangunipun 17 wulan sasampunipun. Lumantar sédanipun garwanipun, Emerson nampi warisan ingkang saged ngluwari reribed bab bandha donya, pramila Emerson nilaraken geréja kanggé ngudi impènipun babagan serat-sinerat.
Nalika warsa 1832, piyambakipun ngambah dhateng Eropa, lajeng kepanggih kalihan manéka pujangga ingkang misuwur. Piyambakipun lajeng ngripta karya-karya ingkang misuwur ugi. [7]