Sega Hayashi
panganan mligi saka Jepang / From Wikipedia, the free encyclopedia
Sega Hayashi (ハヤシライス, Sega Hayashi? Sega hayashi) ya iku panganan Jepang lan Koréa Kidul awujud sega putih kang diwènèhi duduh kenthel masakan daging sapi. Bumbune bawang bombay kang digongso karo mentega nganti wangi. Daging dimasak nganti empuk ing saos demiglace lan uga kerep dicampuri saos tomat. Masakan iki uga padatan ditambahi anggur abang supaya ambune wangi.
Sega hayashi minangka sawijining tuladha panganan Jepang kang asalé saka Kulon. Ing Osaka lan Kobe, panganan iki uga dikenal minangka sega haishi. Sega hayashi iku kalebu menu kawentar ing restoran kulawarga kang nyediyani masakan-masakan kanggo anggota kulawarga. Sega hayashi uga bisa digawé nganggo duduh kang digawé saka bumbu padhet ing kemasan kothak.
Daging sapi tansah dianggo bahan nggawé sega hayashi. Yèn daging babi kang dianggo, masakan iki diarani Pork Hayashi. Janganan kaya jamur kancing utawa jamur shimeji uga kerep ditambahake ing masakan daging.