Wong Ryukyu
suku wangsa / From Wikipedia, the free encyclopedia
Wong Ryukyu utawa Lewchewan[3] (琉球民族, Ryūkyū minzoku?, Okinawa: Ruuchuu minzuku) yaiku wong pribumi ingkang manggon ing Kapuloan Ryukyu, ingkang letakipun wonten ing antarane pulo Kyushu lan pulau Taiwan. Wong Ryukyu umume dipérang dadi sawetara sub-suku, yaiku Amami, Okinawa, Miyako, Yaeyama, lan Yonaguni.[4] Secara administratif, dheweke manggon ing Préfèktur Okinawa lan Préfèktur Kagoshima.
| |||||||||||||
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |||||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Okinawa Kagoshima (Amami) Taiwan Pilipina Brasil Peru California (AS) Hawaii (AS) | |||||||||||||
Basa | |||||||||||||
Kulawarga Basa Ryukyu, Basa Jepang | |||||||||||||
Agama | |||||||||||||
Agama Ryukyu, Buda, Shinto | |||||||||||||
Golongan ètnik magepokan | |||||||||||||
Wong Yamato, Wong Yayoi [1][2] |
Basa-basané kalebu Kulawarga Basa Ryukyu, salah siji saka rong cabang basa kulawarga Japonik, lan cabang liyane yaiku basa Jepang lan dialek-dialekipun.[4] Populasi pulau kasebut kira-kira ana 1,4 yuta wong (2014).[5] Uga ana 300.000 wong keturunan Ryukyu sing makarya ing pulo Honshu,[6] umume keturunane diaspora Okinawa sing bali saka Amérikah Latin.[6][7]