Pyeongchang
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pyeongchang (평창군) inggih punika nama satunggalipun kabupatèn ing provinsi Gangwon, Koréa Kidul.[2] Kabupatèn Pyeongchang inggih punika dados panggènan ingkang kawentar minangka papan pariwisata ing wekdal mangsa dingin, kados ulah raga ski lan rekreasi sanèsipun.[2] Pyeongchang wonten ing antawisipun Pagunungan Taebaek lan Charyeong ing provinsi Gangwon saéngga mangsa dingin ing mrika saged dugi langkung rikat lan mangsa punika wekdalipun dangu.[2] Hawa adhem wonten ing Pyeongchang saged dipunraosaken ing sasi Oktober lan pungkasanipun ing sasi April.[2] Dhataran Kabupatèn Pyeongchang kathahipun wonten ing dhataran ingkang dipunapit kaliyan pagununan ingkang gadhah inggil langkung saking 1000 mèter saking parmukaan sagara.[2] Pyeongchang gadhah inggil watawis 500 mèter saéngga padamelan ing bab tani namung sakedhik.[2]
Pyeongchang 평창 | ||
---|---|---|
County | ||
Trankripsi Basa Koréa | ||
• Hangul | 평창군 | |
• Hanja | 平昌郡 | |
• Revised Romanization | Pyeongchang-gun | |
• McCune-Reischauer | P'yŏngch'ang-gun[1] | |
Resor ski Pyeongchang | ||
| ||
Country | Koréa Kidul | |
Region | Gangwon | |
Pamérangan administratif | 1 eup, 7 myeon | |
Laladan | ||
• Gunggung | 1.463,65 km2 (56,512 sq mi) | |
Cacah warga (2008) | ||
• Gunggung | 43.706 | |
• Pepadhet | 30/km2 (80/sq mi) | |
• Dhialèk | Gangwon |